NASKAH CERKAK BASA JAWA
CERKAK
Anggota Kelompok:
1.Anggit Aprindrian P (03)
2. Hanida Destriana F (17)
3. Kamelia Indah K (21)
4. Ledy Diana Gilam N (22)
X.3
KERUKUNANE TELETABIS
Saben bali sekolah Via, Ria, Defa, lan Meli mesti janjian dolan sawuse nonton film senengane bocah-bocah kui, yaiku teletabis. Yen wus nonton ana ngarep tv, bocah papat kuwi mau ora kelingan ganti klambi utawa maem dhisik.
“Vi, ayo maem dhisik, nonton tvne mengko meneh!” ngendikane ibue Via.
“Emoh bu, mengkeh mawon tv ne ben bubar riyen. Niki lagi asik kok ampun diganggu.” wangsulane Via.
“Lho kok ngono ta, bubar bali sekolah kuwi ya ganti klambi dhisik ta nduk. Ra pareng ngono kuwi.”
“Mangkeh nggih buk, pliiis?”
Ibue Via gur bisa geleng-geleng ngerti sikape anak tunggale kuwi. Ora beda nang omahe Ria, dheweke yo ora gelem ganti klambi sik. Bubar ibue kondur saka kantor, lagi cepet-cepet mlebu kamar jupuk klambi kanggo salin. Ibue Ria memang galak banget yen disawang, nanging yen Ria njaluk apa wae mesti dituruti. Ana Defa barang, bocah sing siji iki malah
luwih seneng maem ana ngarep tv disambi nonton teletabis, dasare awit cilik seneng mangan lan ngemil. Apa-apa sing ana ning meja mesti entek, ora salah yen dheweke gawene diceluk “ndut” karo kanca-kancane.
Beda karo kanca-kancane mau, Meli luwih seneng ganti klambi dhisik lagi nonton tv. Nanging dheweke yo ora gelem ketinggalan nonton teletabis, akale pinter yaiku salin ana ngarep tv lan nirukke gayane Po, salah sijine personil teletabis.
“Nduk, ganti klambine sing bener ta ya?” ngendikane mase Meli
“Hehehehe.” Meli mringis tok.
Saben dina bocah-bocah kuwi memang pakulinan nonton teletabis, film kesenengane, dheweke memang tangga cedhak ing desa Sukowati. Mangkat lan mulih sekolah mesti bareng, nanging pas ana sekolahe malah koyo ora tau akur. Siji lan sijine golek kanca anyar ning TK Malioboro, sekolahe, amarga bocah-bocah kuwi gampang interaksi karo kanca liyane. Nanging beda karo Meli, dheweke rada isinan lan ora PD dadine dheweke ndempel terus karo Via.
Maklum, Meli lagi anyaran amarga pindah saka kutha Sala lan ora duwe kanca nang kene.
“Via, aku ameh ditumbaske teletabis Po lee karo masku.” Ujare Meli
“Ih opo iyoo, meh tumbas neng ngendi Mel? Aku suk ya meh ditumbaske.” Sahute Via
“Alah opo iyo? Aku meh ditumbaske teletabis Po sing wernane ijo. Larang lho, piye jal.”
“Ya nek aku wes duwe duwit akeh aku meh tumbas dewe. Teletabis Po ki abang Mel, ijo ki Dipsy.”
“Eh opo iyo ta? Lha masku wingi ngendikane Po sing ijo kiii..”
“Wah, berarti kowe gur diapusi Mel. Ora sida tuku no nek ngono?”
Pas bali, bocah papat kuwi crita wae babagan teletabis.
“Eh, aku meh tumbas teletabis Lala lho.” Kandhane Defa.
“Aku iyo meh tumbas sing Dipsy. Barengan yaa karo Deefaa,” Ria nambahi
“Ayoo aku meluu ameh tumbas neng endi?” ujare Via
“Aku meh tumbas ning Jakarta, Meli melu gak?” sahute Ria
“Lha aku meh ditumbaske masku wii.” wangsulane Meli
Bubar adu crewet ana dalan, ora krasa wus ana ing omahe dhewe-dhewe. Pakulinan sing durung bisa diowahi metu maneh, yaiku mbandel. Bubar nonton teletabis, bocah papat kuwi menyang omahe Defa kanggo dolanan kemah-kemahan. Kabeh wong gawa payung lan slendang siji-siji, payung kuwi mengko dimegarke lan dirangkep dadi siji ben bisa mbunder. Banjur wis ketok mbunder, lagi dipasangi slendang-slendang sing digawa mau ngasi ana njero payung kuwi peteng. Nanging isih ana celah kanggo dalan mlebu kemah kuwi. Ana njero crewete tentang teletabis metu meneh, mesti ana wae sing ameh dicritaake. Terus si Meli wus ditukokke boneka teletabis sing dikarepake ket mbiyen. Kancane kabeh meri lan kepingin tuku boneka teletabis.
“Eh ngene wae, kan Meli wis tumbas sing Po to? Mengko ben rak kembar, bedo-bedo yoo?” kandhane Defa.
“Iyo yoo, jane aku ya kepingin sing Po wi too?” wangsulane Via.
“Koe aja sing Po Vi, kan kowe dhuwur ta dadine Tinkywinky wae ya Def ya?” kandhane Ria
“Ho.o” Defa nyauri.
“Lha terus kowe sing opo, yen aku tumbas tinkywinky?” takone Via marang Defa lan Ria.
“Aku ameh tumbas sing lala bae, kan aku padha lala. Kowe tumbas sing dipsy bae ya Ria!” wangsulane Deffa.
“Ya, aku setuju kuwi!” saute Ria.
Bocah papat iku wis setuju karo boneka opo sing arep ditumbas. Beda dina, bocah papat iku wis duwe boneka sing dikarepake dhewe-dhewe. Bocah-bocah iku dolanan bareng saben dina, nanging Ria, Meli, lan Via anyel karo Deffa amarga saben dolanan teletabis mesti Deffa ngatur lan nyilih boneka
teletabise kanca-kancane nganti apa sing dikarepake Deffa bisa kelakon. Akhire ana sekolah, Deffa dianyeli karo kanca-kancane kuwi. Deffa ora dijak dolanan lan maem bareng kaya biasane.
“huhuhuhuhu, ibu Deffa mboten gadah kanca wonten sekolah, Deffa mboten dijak maem bareng kaliyan kanca- kanca. Huhuhuhu” lapore Deffa marang ibue karo nangis nglolo.
“Aduh anake ibu sing ayu dhewe, sing manis, sing ndut, ampun nangis saying, mangkih ibu nderek nangis lho, empun-empun. Mesti sesok anake ibu kancane kathah malih, mangkih ndak didukani Allah lho,” ujare ibue Deffa.
Deffa dolan menyang plataran omahe Ria sing biasa dienggo dolanan bareng-bareng. Nanging sak tekane ana kana Deffa ora digagas kancane meneh. Ana kana bocah-bocah pada kerah nganti rawuh budhe Fatimah sing gadah warung ana cedhak kana lan ngandhani bocah-bocah iku.
“Anak-anak dicritani budhe purun mboten?” pitakone budhe Fatimah.
“Nggih bude,” wangsulane bocah-bocah.
“Ngene critane, teletabis kuwi lak acara kartun sing padha tok senengi ta, lha teletabis iku ora tau nesu karo kanca-kancane, dheweke mesti rukun lan bisa mudeng karepe kancane liya lan bisa ngerteni sikap utawa watake
kancane. Teletabis ya padha tetulungan yen ana sing lara utawa butuh pitulungan.” Panjelase budhe Fatimah.
“Tuladhane niku pripun budhe?” pitakone Via.
“Ngene ya nduk, pernah to lala kelangan bal, lha pas iku tinkywinky, dipsy, lan po padha nulungi lala. Trus pas dipsy lali ndeleh topi, tinkywinky lali sing ndeleh tas lan po sing skutere mlaku dhewe nganti adoh. Pas salah sijine kelangan utawa ana kesusahan mesti kanca liyane nulungi lan nggawe seneng, apa meneh pas dipsy nesu karo kanca-kancane. Bocah-bocah padha kelingan ta karo kejadian kuwi?” ujare budhe Fatimah.
“Nggih budhe, pas niku dipsy nesu kaliyan kanca-kancane amarga nelasake roti lan nggawe topine dipsy reget.” Wangsulane Meli.
“Nggih bener budhe, pas niku kanca-kancane dipsy nyuwun ngapura kaliyan dipsy lan nggaweake dipsy roti. Tapi budhe, pas niku dipsy salah amarga keasikan dolanan lan mboten nderek damel roti bareng-bareng!” saute Ria.
“Terus nek kaya mangkono, piye sikape kancane?” pitakone budhe Fatimah.
“Nggih maklum ta budhe, namine lagi dolanan, saben tiyang kan saget salah.” Wangsulane Meli.
“Lha kuwi padha ngerti ta, trus saiki piye sikape?”
Krungu pangandikane budhe Fatimah bocah-bocah padha bali rukun maneh amarga ngrasa isin, mosok teletabis wae bisa rukun nanging bocah-bocah ora bisa rukun. Saka kedadean kuwi bocah-bocah sinau yen kabeh wong bisa salah lan kudu maringi pangapura yen ana sing salah. Bocah-bocah iyo sinau yen meksaake kekarepan iku ora apik lan nggawe anyel wong sing ana sekitare kana.
SAMPUN
Komentar
Posting Komentar